-->

Makalah Basa Jawa Tingkeban-Mitoni


BAB I
PURWAKA

1.1      Lelandhesane Panliten

       Ing tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat kang tekan saiki isih  dilakoni nang  sebagian masyarakat Jawa. Tembung mitoni saka tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7′ (pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7. Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining  upacara kang dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.Tata upacara kang ditindaake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog ayam kampung menyang njero kain calon ibu sing dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna kelapa gading enom, nugel lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum jamu sorongan,lan  nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo sarana ngilangake petaka/bebaya/mala, yaiku nuduhake menawa upacara-upacara kuwi mujudake  penghayatan bagian-bagian kepercayaan lami. Kejaba kuwi, kalebu adat istiadat kang dilestarikake secara turun temurun nang sawijining kelompok sosial. Nek adat istiadat kuwi ora dilakoni arep ndadeake ecean lan jeneng ala kanggo keluarga wong kuwi ing satengahin kelompok sosial ing masyarakate.
       Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo nganaake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa (Senin awan tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianaake ing wektu siang utawa sore. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing pasren, yaiku senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi Sri, dewi pari. Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang keluarga utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.
Ana ing makalah iki bakal dibahas asal-muasale mitoni/tingkeb, urutaning lan tata carane mitoni/tingkeb sing dilakoni masyarakat jawa.



1.2      Undherane Panliten
1.) Apa pengerten saka upacara adat Jawa  mitoni?
2.) Sapa bae paraga kang ana sajroning upacara adat Jawa  mitoni?
3.) Apa bae uba rampe sajroning upacara adat Jawa mitoni?
4.) Kepriye urut- urutane upacara adat Jawa  mitoni ?

1.3 Ancase panliten
1. Kanggo Ngerteni apa iku mitoni.
2. Kanggo  Ngerteni paraga sing ana ing sajrone mitoni.
3. Kanggo  Ngerteni ubarampe ing mitoni.
4. Kanggo  Ngerteni urutaning acara mitoni.



BAB II
ANDHARAN

2.1 Pangerten saka upacara adat Jawa  mitoni/ tingkeban
            Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7.
2.2 paraga sajrone upacara adat Jawa  mitoni
1. Bapa
2. biyung
3. juru upacara adat jawa mitoni
2.3 Uba rampe sajrone upacara adat Jawa  mitoni
v  Uba­ ram­pe mateng ing antarane,yaiku :
1.      Se­kul ja­ngan­an
2.       Je­nang ab­rit,
3.      Je­nang ba­ro-ba­ro,
4.      Ja­jan pa­sar lan sri­yat­an kang gi­na­we sa­ka wi­jen,
5.       Dhe­le, ka­cang kang ka­gang­sa ing gen­dhis
6.       Ceng­ka­ruk tim­bal,
7.       Pe­nyon,
8.       Pring sa­dha­pur lan tum­peng rob­yong kang aru­pa tum­peng di­cem­plung­ake ing ce­thing,
9.      Di­we­ne­hi iwak ke­bo lan en­dhog
10.   God­hog, ge­reh,lan kru­puk.
11.  Rujak
12.  Ampyang

v  Uba­ram­pe men­tah  ing antarane,yaiku :
a.       Lom­bok,
b.       Te­rong,
c.       Kala pendem(mbote,kacang tanah,menyok,tales)
d.      Kala gumantung(kates)
e.       Kala marambat(telo)
f.        Ja­ngan­an lan ji­nis kem­bang-kem­bang­an. Tum­peng ja­ngan­an iku di­ga­we ca­cah pi­tu di­jang­ke­pi pi­tung iji apem con­thong.

2.4 Urutaing upacara adat Jawa   Mitoni/ Tingkeban
ü  Ing ngisor iki bakal kaandharake urutaning upacara adat jawa Mitonoi /tingkeban :
1. Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga utawa jiwa.Ngresiki awak iki tujuane kanggo mbersihi calon ibu saka dosa-dosa dadi menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses kelahirane lancar. Upacara siraman dilakuake ing kamar mandi dan dipimpin oleh dukun utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua
2. Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakoake bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Upacara iki dillakoake ing (kamar mandi) kanggo simbol pangarep arep bayi lair kanti gangsar ora ana alangan apa-apa.
3. Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora kangelan.
4. Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang beda-beda. Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang
5. Upacara nugel  lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu. Janur/lawe bisa diganti nganggo godhong klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang calon bapak kanti tujuan laire sang jabang bayi lancer.
6. Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane yaikusawab (doa lan puji keselametan.
7. Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku gampang lair kaya didorong utawa disurung.
8. Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang calon bapak kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling kampung.
Kanthi dilakokake tata urutan upacara kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni dianggep rampung kanthi pratanda donga kang dipimpin dukun kanthi muteri sesajen. Sesajen ana kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.









BAB III
PANUTUP
Bab 3 iki mujudkake perangan,pungkasan sajrone panliten. Perangan iki ngandharake rong perkara, yaiku:dudutan saka andharan kang dadi wangsulan saka undherane panliten  lan pamrayoga.

3.1Dudutan
Adhadasar asile  njlentrehkake  Upacara Adat Jawa Mitoni bisa didudut patang perkara. Sepisan, pangerten upacara adat Jawa Mitoni yaiku, Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi.Kapindo, Paraga sajrone upacara adat jawa mitoni yaiku,Bapa,biyung lan juru upacara adat jawa mitoni .
Kaping tigo, bae uba rampe sajroning upacara adat Jawa mitoni yaiku, se­kul ja­ngan­an, je­nang ab­rit, je­nang ba­ro-ba­ro, ja­jan pa­sar lan sri­yat­an kang gi­na­we sa­ka wi­jen,dhe­le, ka­cang kang ka­gang­sa ing gen­dhis, ceng­ka­ruk tim­bal, pe­nyon, pring sa­dha­pur lan tum­peng rob­yong kang aru­pa tum­peng di­cem­plung­ake ing ce­thing, di­we­ne­hi iwak ke­bo lan en­dhog god­hog, ge­reh,lan kru­puk,Rujak,Ampyang. Kaping papat, urut- urutane upacara adat Jawa  mitoni yaiku, Siraman, Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu, Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom, Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7, Upacara nugel  lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu, Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok, Upacara nginum jamu sorongan,lan Upacara nyolong endhog.
           
3.2 Saran
 Makalah iku mujudkake tulisan sing isih ana perangan-perangan sing durung bisa kawedhar kanthi gamblang. Makalah ngenani upacara adat jawa mitoni ditindakake kanggo mangerteni pangerten, paraga, uba rampe sarta reroncining upacara adat jawa mitoni. Asile panliten iki  bisa didadekake bahan rujukan sajroneng pasinaon kabudayan mligine kabudayan jawa ing sekolah menengah atas.





KAPUSTAKAN

http://evotama.blogspot.co.id/2014/10/makalah-bahasa-jawa-mitoni.html. (Diakses ing dina jum’at,14 oktober 2016 jam 11:00)


https://www.google.com/search?q=kepriye+reroncine+mitoni&ie=utf-8&oe=utf-8&aq=t&rls=org.mozilla:en-US:official&client=firefox-beta&channel=sb(Diakses ing dina jum’at,14 oktober 2016 jam 11:00)

https://www.google.com/search?q=sapa+bae+paraga+sajrone+mitoni&ie=utf-8&oe=utf-8&aq=t&rls=org.mozilla:en-US:official&client=firefox-beta&channel=sb#channel=sb&q=+paraga+sajroning++mitoni(Diakses ing dina jum’at,14 oktober 2016 jam 11:00)

http://akucintanusantaraku.blogspot.co.id/2014/01/tata-cara-mitonitingkebannujubulanan.html(Diakses ing dina jum’at,14 oktober 2016 jam 11:00)

http://kafabihi07.blogspot.co.id/2013/01/mitoni-mitoni-iku-asale-saka-tembung.html(Diakses ing dina jum’at,14 oktober 2016 jam 11:00)


    


Iepunks
Saya Hanya mencoba menjadi orang yang bermanfaat dunia dan akhirat

Related Posts

Post a Comment

Subscribe Our Newsletter